ATUR SAPALA
Ingkang
sepisan kita ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT awit kanthi sadaya
nikmat lan rahmatipun saengga kita saget ngrampungaken makalah punika, lan
sadaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken makalah punika.
Wonten
makalah punika, kita mratelakaken babagan Tembang Macapat. Makalah menika
ngandharaken pangertosan tembang macapat, sejarahipun tembang macapat sarta
maknanipun saben tembang macapat.
Mugi-mugi
kanthi makalah punika saged kagem referensi kita panjenengan sadaya. Menawi
wonten leresipun punika saking Allah lan menawi wonten lepatipun punika saking
kita piyambak, awit kita nyuwun agunging pangaksami.
Matur
nuwun.
Semarang, November 2011
Pangripta
BAB
I
PAMBUKA
A.
Wawadaning
Prekawis
Warisan budaya sing bisa disinauni
dening para leluhur iku akeh banget uga bisa disinauni dening kawula mudha.
Budaya adi luhur iku uga bisa mbantu para mudha kang ngangsu kawruh ngembangake
kabudayan. Salah sawijining budaya luhur yaiku tembang macapat. Nanging ing jaman
saiki tembang macapat wis arang ditembangake. Bocah-bocah luwih seneng tembang
modern kayata pop, rock, lan sakpiturute.
Lumantar permasalahan iku, ing
makalah iki babagan tembang macapat bakal dijlentrehake kanthi luwih rinci.
Sing dijelaske ing makalah iki antara liya etimologi tembang macapat, sejarah,
lan tuladhane tembang macapat.
Kanthi babagan iki, para mudha,
tua, lan sapa wae sing ngrumangsani wong Jawa bisa mangerteni tembang macapat,
mangerteni sejarah lan tuladhane tembang macapat, sarta duweni rasa
nglestarikake budaya Jawa, khususe tembang Jawa (tembang macapat).
B.
Momotaning
Prekawis
1.
Apa tegese tembang
macapat iku?
2.
Kepriye sejarahe
tembang macapat iku?
3.
Tembang apa wae kang
kalebu tembang macapat?
C.
Ancas
1.
Mangerteni tegese
tembang macapat
2.
Mangerteni sejarahe
tembang macapat
3.
Mangerteni tuladhane
tembang macapat
BAB
II
BAHASAN
A.
Macapat
Macapat yaiku tembang tradhisional ing
tanah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara
guru wilangan (suku kata) tinamtu,
lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata).
Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana.
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané
dipérang dadi telung kategori: tembang
cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin
utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora
dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung,
puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih
gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké
marang basa Sansekerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan
cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan jroning macapat mau antara
liya:
B.
Etimologi
Macapat
Macapat
kerep dijarwakaké minangka maca
papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda. Sajabané iku, makna liya yaiku tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning
panembangan macapat.
Banjur
miturut Serat
Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka
frasa maca-pat-lagu sing tegesé
"nglgokaké nada kapapat". Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu,
maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Miturut ujaring
kandha maca-sa klebu kategori paling
tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan
ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut
kanthi jeneng tembang
gedhé. Maca-ro klebu tipe tembang
gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada) saben pupuh bisa kurang saka papat
sauntara kuwi cacahing suku kata
(wanda) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning
Yogiswara. Maca-tri utawa kategori sing katelu yaiku tembang
tengahan sing
miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan
disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat
utawa tembang cilik diciptakaké
déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.
C.
Sejarah
Macapat
Macapat minangka sebutan puisi jawa tengahan lan jawa
anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl
dilacak sajarahé. Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair
bebarengan karo geguritan basa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal,
durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang
macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat
informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi.
Déné
Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan
pratélan. Yèn nyata pola sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola
tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang
tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masyarakat saora-orané taun 1541
masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga
Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. Bab iki adhedhasar pola macapat sing paling wiwitan sing
ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa
tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira
kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing Jawa urip bebarengan telu basa,
yaiku Jawa
Kuno, Jawa Tengahan lan Jawa Anyar. Jroning Mbombong
manah I, disebutaké
yèn tembang macapat diciptakaké déning
Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa
taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké
déning sawiji uwong, nanging déning sawetara wali lan bangsawan. Para pancipta iku yakuwi Sunan
Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang,
Sunan
Gunung Jati,
Sunan Murya, Sunan
Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung,
Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut
kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat.
Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang
gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya
ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
a.
Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé
Panemu pisanan nganggep yèn
tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang
gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika
pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ).
Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi
anggepan yèn tembang tengahan ora ana.
b. Tembang macapat
luwih anom tinimbang tembang gedhé
Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu
pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku
ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé
macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa
pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta
wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing
akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair
karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung,
banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan
kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi
sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.
c. Tembang macapat
adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder
Disebutaké
yèn sacara linguistik basa Jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa Jawa anyar, nanging arupa rong
cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka
basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané
pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan
sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa
jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi
macapat ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna
lan pertengahan isih ana ing Bali.
D.
Jenising
Tembang
Tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé
dipérang dadi
telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.
Sekar Macapat utawa Sekar Alit
Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli,
kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa
iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati.
Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
1. Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono
kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh
lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
Maskumambang
Nadyan silih, bapa biyung kaki nini (12i)
Sadulur mnyang sanak (6a)
Kalamun muruk tan becik (8i)
Nora pantes yen den nuta (8a)
2. Mijil
Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa
wanita.
Mijil
Poma kaki padhadipun
eling (10i)
Ing pitutur ingong (6o)
Sira uga satriyo arane (10e)
Kudu anteng jatmika ing
budi (10i)
Ruruh sarta wasis (6i)
Samubarang tanduk (6u)
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing
paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
Sinom
Pangéran kang sipat murah (8/a)
Njurungi kajating dasih (8/i)
Ingkang temen tinemenan (8/a)
Pan iku ujaring dalil (8/i)
Nyatané ana ugi (7/i)
Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
Wiwitané nenedha (7/a)
Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)
4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges
dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi
Padha
gulangen ing kalbu (8u)
Ing sasmita
amrih lantip (8i)
Kaprawiran
dèn kaèsthi (8i)
Pesunen
sariranira (8a)
Sudanen
dhahar lan guling (8i)
5. Asmarandana
Ateges
rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh
mau wis dadi kodrat Ilahi.
Asmarandana
Aja turu sore kaki (8/i)
Ana Dewa nganglang
jagad (8/a)
Nyangking bokor
kencanane (8/e)
Isine dongo tetulak (8/a)
Sandang kalawan pangan (7/a)
Yaiku bagianipun (8/u)
Wong melek sabar narimo (8/o)
Nggambaraké uripé wong kang lagi
seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo,
duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah /
bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Dhandhanggula
Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)
Bebasan mung mampir ngombé (8/e)
Cinecep nulya wangsul (7/u)
Mring asalé sangkané nguni (9/i)
Begja kang wus pana (7/a)
Sangkan paranipun (6/u)
Dedalan kang dèn ambah (8/a)
Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
Sejatining kasidan (7/a)
7. Durma
Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis
rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra
liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma /
wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama
lan watak sosialé manungsa.
Durma
Ingkang eling iku
ngeling ana marang (12a)
Sanak kadang kang lali (7i)
Den nedya raharja (6a)
Mangkono tindak ira (7a)
Yen tan nggugu iya uwis (8i)
Teko meneng amung aja
sok ngrasani (12i)
8. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri
hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha -
padha.
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna (8a)
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip (11i)
Ala lan becik puniku (8u)
Prayoga kawruh ana (7a)
Adat waton punika dipun kadulu (12u)
Miwah ingkang tata krama (8a)
Den kaesthi siyang ratri (8i)
9. Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus
mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Pocung
Ngelmu iku kelakone
kanthi laku (12u)
Lekase lawan kas (6a)
Tegese kas nyantosani (8i)
Setya budya pangekese
durangkara (12a)
Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
4.
Gambuh
Saka
tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur
digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Gambuh
Sekar gambuh ping catur (7u)
Kang cinatur, polah kang kalantur (10u)
Tanpa tutur, katula tula katali (12i)
Kadaluarsa katutur (8u)
Kapatuh pan dadi awon (8o)
5. Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe /
nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Megatruh
Kawan dasa kang njagèni
(8/i)
Ing ngajeng miwah ing
pungkur (8/u)
Sang gèthèk lampahnya
alon (8/o)
Sekar Ageng
Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji,
yaiku Girisa.
Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin
ing jaman kuna.
Tabel Sekar
Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan
sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa
ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
SEKAR MACAPAT
|
|||
Sekar Macapat
|
Guru Gatra
|
Guru Wilangan lan Guru Lagu
|
Watake
|
Maskumambang
|
4
|
12i, 6a, 8i, 8a
|
Nalangsa
|
Mijil
|
6
|
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
|
Wedharing rasa
|
Kinanthi
|
6
|
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
|
Seneng
|
Sinom
|
9
|
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
|
Gapyak
|
Asmaradana
|
7
|
8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
|
Sedih
|
Gambuh
|
5
|
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
|
Rumaket
|
Dandanggula
|
10
|
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
|
Luwes
|
Durma
|
7
|
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
|
Galak
|
Pangkur
|
7
|
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
|
Seneng
|
Megatruh
|
5
|
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
|
Sedih
|
Pocung
|
4
|
12u, 6a, 8i, 12a
|
Kendho
|
Jurudhemung
|
7
|
8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a, 8u
|
Nenes kenes
|
Wirangrong
|
6
|
8i, 8o, 10u, 6i, 7a, 8a
|
Mrabawa
|
Balabak
|
6
|
12a, 3e, 12a, 3e, 12u, 3e
|
Sembrana parikena
|
Girisa
|
8
|
8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a,
|
Wanti-wanti
|
BAB III
WASANA
Dudutan
Macapat
duweni makna yaiku maca papt-papat
utawa tembung -pat
yaiku cacahing tandha
diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning
panembangan macapat.
Aturan-aturan jroning macapat antara liya:
Kang kalebu tembang macapat yaiku: Dhandang
Gula, Kinanthi, Asmaradana, Pangkur, Pocung, Durma, Mijil, Gambuh,
Maskumambang, Megatruh, Sinom, Balabak, Wirangrong, Jurudemung, lan Girisa.
0Comments